05 Mei, 2017
Urep
Hmmmm…. Urip iki ora oleh nanggung,
ibarat koyo tuku barang, tuku barang ki nek apik yo apik sisan, tp nek elek yo
elek sisan. Ojo tuku setengah-setengah, ora apik yo ora elek. La kok ngono?, la
iyo, nk nduwe HP misale, nk tuku seng iso nggo internetan yo ojo gur iso ngo
internetan tok, tapi yo iso nggo maen game mbarang, seng RAMme gede sisan,
ROMme gede sisan, yo seng iso nggo moto apik sisan, kamerane seng gede sisan
ben bening nek kanggo moto, ora gur nggo SMS karo Nelpon ae.
La tapi nek missal arep gur nggo
SMS karo Nelpon yo golek seng elek wae, seng gur isone nggo SMS karo Nelppon
wae.
Marai ngene lho brother, HP ki lak
gur ibarat yo, arepo kenyataane yo ngono, tapi tak jelasne sek. HP kuwi nek
seng setengah-setengah, njeroane setengah-setengah, kamerane setengah-setengah,
kuwi ngawe awakdewe ra nyaman. Di nggo maen game lelet, di nggo nggawe moto
hasile elek, gambare blur, la nk ngono kuei po yo nyaman jal?, opo yo ngawe
awakdewe ngroso penak nyekeli HP kuwi, la nek pengalamanku enek’e gur jengkel
nduwe HP koyo ngono, kakean masalah bakalane, gek opo meneh HP kwi di gawani
tiap dino. lak yo ora to???. Kuwi ibarat wae, tapi urep ki yo persis koyo
ngono.
La misale meneh ngingu sapi, nek
ngingu yo ngingu sisan, yo ngarit sisan, kandange di gawekne sisan, letonge yo
di resik’i sisan,. Ben ngopo, ben sapine pakanane kecukupan, manggone nyaman,
dadi sapi ki iso sehat trus iso d idol. La tapi nek ora arep yo ora usah sisan,
ora kesel tiap dino ngarit’ne, ora kesel nggawekne kandang, yo ora males ndadak
ngersik’I letong. Tapi nek setengah-setengah, ngingu sapi tapi males ngaritne,
kandange gur opo enek’e, letonge males arep ngguwak’i, opo sapine bakal dadi
lemu gek iso di dol?, lak yo ora to?, eneng’nge gur nk arep ngarit males,
opo-opo males, dadi ngingu sapi gur malah ora nggae nyaman tapi nggae jengkel. La
iki gur ibarat yo, areppo kenyataane yo koyo ngono kuwi.
La nek perumpama’ane nggo cah enom,
antara setia karo selingkuh. Nek misale setia yo setia sisan, nek arep
selingkuh yo selingkuh sisan. Ojo setengah-setengah, arep setia tapi pingin
selingkuh, arep selingkuh tapi pingin setia. Kuwi aku njamin bakal ora penak,
hidup dalam kebingungan, kebimbangan, dan kesulitan. Marai aku yo ngerti,
kadang keadaan seng nggae wong pingin selingkuh, kadang keadaan juga seng nggae
wong iso setia. Tapi yo keadaan kuwilah seng marai nggae masalah, mulakno
tekadtono nek arep setia yo wes ra sah mikir laine meneh, setia wae. Tp nek
arep selingkuh yo kono gari selingkuh, seng penting lak ojo konangan.
La terus perumpama’ane nggo JOMBLO kepiye???
Walah, bahas perumpama’an kok
nganti tekan jomblo. Haha…
Tapi yo ra popolah, di sisanke ae,
kan judule urip gak oleh seng setengan-setengah.
Yo wes, Dadi ngene yo Blo yo,
Eh, wes ndisek wae lah, wong aku yo
jomblo kok. Hahaa…
Tulisan iki aku yo emboh enek
manfaate po ora, aku gur asal nulis wae. Nk akeh salahe aku njalok pangapurone,
nek missal enek manfaate aku yo Alhamdulillah.
Yo wes yo aku wes kesel ngetik. Mugo-mugo
ketemu meneh di lain waktu
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar
Jangan Lupa Komen Ya????