05 Mei, 2017

Urep

Urip kwi Pilihan

urip kwi ora oleh seng setengah-setengah (nanggung)


 

Hmmmm…. Urip iki ora oleh nanggung, ibarat koyo tuku barang, tuku barang ki nek apik yo apik sisan, tp nek elek yo elek sisan. Ojo tuku setengah-setengah, ora apik yo ora elek. La kok ngono?, la iyo, nk nduwe HP misale, nk tuku seng iso nggo internetan yo ojo gur iso ngo internetan tok, tapi yo iso nggo maen game mbarang, seng RAMme gede sisan, ROMme gede sisan, yo seng iso nggo moto apik sisan, kamerane seng gede sisan ben bening nek kanggo moto, ora gur nggo SMS karo Nelpon ae.

La tapi nek missal arep gur nggo SMS karo Nelpon yo golek seng elek wae, seng gur isone nggo SMS karo Nelppon wae.

Marai ngene lho brother, HP ki lak gur ibarat yo, arepo kenyataane yo ngono, tapi tak jelasne sek. HP kuwi nek seng setengah-setengah, njeroane setengah-setengah, kamerane setengah-setengah, kuwi ngawe awakdewe ra nyaman. Di nggo maen game lelet, di nggo nggawe moto hasile elek, gambare blur, la nk ngono kuei po yo nyaman jal?, opo yo ngawe awakdewe ngroso penak nyekeli HP kuwi, la nek pengalamanku enek’e gur jengkel nduwe HP koyo ngono, kakean masalah bakalane, gek opo meneh HP kwi di gawani tiap dino. lak yo ora to???. Kuwi ibarat wae, tapi urep ki yo persis koyo ngono.

La misale meneh ngingu sapi, nek ngingu yo ngingu sisan, yo ngarit sisan, kandange di gawekne sisan, letonge yo di resik’i sisan,. Ben ngopo, ben sapine pakanane kecukupan, manggone nyaman, dadi sapi ki iso sehat trus iso d idol. La tapi nek ora arep yo ora usah sisan, ora kesel tiap dino ngarit’ne, ora kesel nggawekne kandang, yo ora males ndadak ngersik’I letong. Tapi nek setengah-setengah, ngingu sapi tapi males ngaritne, kandange gur opo enek’e, letonge males arep ngguwak’i, opo sapine bakal dadi lemu gek iso di dol?, lak yo ora to?, eneng’nge gur nk arep ngarit males, opo-opo males, dadi ngingu sapi gur malah ora nggae nyaman tapi nggae jengkel. La iki gur ibarat yo, areppo kenyataane yo koyo ngono kuwi.

La nek perumpama’ane nggo cah enom, antara setia karo selingkuh. Nek misale setia yo setia sisan, nek arep selingkuh yo selingkuh sisan. Ojo setengah-setengah, arep setia tapi pingin selingkuh, arep selingkuh tapi pingin setia. Kuwi aku njamin bakal ora penak, hidup dalam kebingungan, kebimbangan, dan kesulitan. Marai aku yo ngerti, kadang keadaan seng nggae wong pingin selingkuh, kadang keadaan juga seng nggae wong iso setia. Tapi yo keadaan kuwilah seng marai nggae masalah, mulakno tekadtono nek arep setia yo wes ra sah mikir laine meneh, setia wae. Tp nek arep selingkuh yo kono gari selingkuh, seng penting lak ojo konangan.

La terus perumpama’ane nggo JOMBLO kepiye???

Walah, bahas perumpama’an kok nganti tekan jomblo. Haha…

Tapi yo ra popolah, di sisanke ae, kan judule urip gak oleh seng setengan-setengah.

Yo wes, Dadi ngene yo Blo yo,

Eh, wes ndisek wae lah, wong aku yo jomblo kok. Hahaa…

Tulisan iki aku yo emboh enek manfaate po ora, aku gur asal nulis wae. Nk akeh salahe aku njalok pangapurone, nek missal enek manfaate aku yo Alhamdulillah.


Yo wes yo aku wes kesel ngetik. Mugo-mugo ketemu meneh di lain waktu